Soal & Kunci Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMK Tahun 2022

Unduh Kisi-Kisi, Soal dan Kunci Jawaban Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMK Tahun Pelajaran 2021/2022 - Ujian sekolah merupakan ujian yang diselenggarakan oleh Satuan Pendidikan pada akhir jenjang yang menjadi salah satu faktor penting untuk mengukur dan menilai kompetensi peserta didik terhadap pencapaian standar kompetensi lulusan (SKL).

Untuk membantu adik-adik kelas 12 SMK dalam mempersiapkan diri menghadapi US, Bank Soal menyediakan Kisi-kisi, Soal dan Kunci Jawaban Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMK Tahun 2022.



Download Soal Ujian Sekolah (US) Bahasa Jawa


1. Serat Wedhatama pupuh Pangkur nduweni piwulang ngelmu kang sempurna, kang dadi pathokaning kanggo manungsa. Piwulang pupuh Pangkur iku mlebu babagan….
A. sopan santun                     
B. pemimpin teladan                            
C. tumindak ngati;ati 
D. rasa sukur marang Gusti Alloh
E. kawicaksanaan sejati

2. Socaning jiwangganira
Jer katara lamun pocapan pasthi
Lumuh asor kudu unggul
Sumengah sosongaran
Yen mangkono kena ingaran katungkul
Karem ing reh kaprawiran
Nora enak iku kaki
Jlentrehna tembang Pangkur ing ndhuwur ngangge paugeran….
A. 12u, 8i, 8u, 8i, 8o      
B. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i                         
C. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
D. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a,7i
E. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

3. Crita Cerkak nduweni unsur-unsur pandhapuke yaiku unsur ekstrinsik lan unsur instrinsik. Unsur Instrinsik Crita Cerkak yaiku unsur kang kabangun cerkak saka sanjerone cerkak, unsur instrinsik iku antarane: tema, paraga, watak, setting/latar, sudut pandang, basa, alur/plot, lan amanat.Temtokake unsur instrinsik kang nyritakake gambaran papan kedadeyan, wektu, lan swasana yaiku….
A. tema                                
B. setting                       
C. paraga
D. watak
E. amanat

4. Merga Kurang Sajen, Penangsang-E Pedhot Otote
Sawise paguyuban mau temaen-temen madeg lan mapan, sadurunge pentas sapisanan diwenehi jeneng "Cipta Manunggal Budaya", sing mengku teges jero yaiku manunggale wong Jawa lan Cina bebarengan nyengkuyung kabudayan Jawa. Paguyuban madeg tanggal 19 Februari 1990. Latihan ditindakake kanthi ajeg, sing nglatih anggotane dhewe, yaiku Joko Ari Purnomo kang pancen tokoh kethoprak saka kampung kana. Asring uga ngaturi tokoh-tokoh saka jaba. 
Miturut Liem Tian Sie bapak peputa lima iki, ana lakon cacah telu sing kudu disajeni kanthi komplet, yaiku Arya Penangsang, Suminten Edan, lan Angling Darmo. Piyambake diwanti-wanti gurune, aja wani-wani babar lakon mau yen tanpa sajen wujud kembang menyan lan ingkung pitik cacah telu. Tau paguyubane nggelar lakon Arya Penangsang ing Bantul. Liem ya wis njaluk sarat sajen lan disuguhi panitiyane. Nalika iku Liem dhewe sing dadi Arya Penangsange. Ing adegan nggebrak meja dadakan piring isi sega salawuhe pecah, belinge nancep ing tangane nuwuhake tatu jero, jalari otote pedhot lan gethihe blabar netesi awak sakojur. Bareng ditlusur pranyata sajene ana sing disuda. Kudune ingkunge cacah telu ning mung diwenehi loro, bar kedadeyan kuwi Liem luwih ngati-ati, yen ana lakon sing kudu disajeni tansah dicek luwih disik supaya aja nemoni apes.                                                                                     
Saking wacan Merga Kurang Sajen, Penangsang-E Pedhot Otote ing nginggil Temtokna papan nggelar lakon Arya Penangsang….
A. Sragen                                
B. Pati                     
C. Banyumas 
D. Bantul
E. Klaten

5. Piguna utama ruwangan iki kanggo ruwang ngaso utawa turu, saliyane uga kanggo nyimpen maneko wujud pusaka lan piranti aji liyane. Sanajan katon prasaja, nanging perangan iki uga minangka perangan kang asipat pribadi lan duwe nilai luhur. Jlentrehna ruwangan manggone kanggo ruang ngaso/turu lan nyimpen maneka wujud pusaka yaiku….
A. teras utawa pendhapa                         
B. pringgitan                                                                 
C. dalem agung
D. gandhok utawa pawon
E. sentong

6. ? p][stiy numPkPi[tHonTel\ .
Tulisan aksara jawa ing nginggil migunakake sandangan mandaswara….
A. pengkal                                        
B. panjingan wa                                
C. panjingan la
D. layar
E. cakra

7. Serat Wedhatama Pupuh Sinom ateges kang paling wigati kanggone wong anom supados saged ngangsu kawruh sak akeh-akehe. Sasmitane sinom: taruna, anom, weni, nom, srinata pamase, logondang, rema, pangrawit, mudha. Watake sinom: sabar, grapyak, lan sumanak. 
Isine tembang macapat sinom yaiku….
A. kawicaksanaan sejati                              
B. sopan santun                                            
C. pikolehe tumindak ngati-ati
D. ngelmu kang sempurna
E. rasa sokur marang Gusti Alloh

8. Kang duweni sifat ngadu domba antarane sedulur, duwe rasa iri drengki, mbrangasan kepenginan kadonyan lan angkara murka ana ing crita mahabarata yaiku….
A. Sengkuni                                  
B. Werkudara                               
C. Janaka
D. Puntadewa
E. Bisma

9. Sarat pranatacara kanthi gladhen lan sarat laku pitung perkara (7 M), dening rama Sudi yatmana (1989:1) di jlentrehakekanthi aran saptama Pangolahing raga, salah satunggaling sarat pranatacara yaiku trampil kepara trengginas, cag ceg, lancar, gancar, sembada ing karya. ora ngleler nanging uga ora katon grusa-grusu. Jlentrehna perangan ing ndhuwur sarat pranatacara ….
A. magatra                                  
B. malaghawa                                 
C. mawastha
D. maraga
E. matanggap

10. Sega Liwet yaiku panganan khas ing Indonesia mligi ing Jawa, sega iki dimasak nganggo santan krambil sahengga nduweni rasa sing gurih lan disajikan nganggo pirang-pirang lawuhe , lawuhe saged ditambahi lawuh liyane kayata tempe goreng, tempe lan tahu bacem, ayam bacem, endog bacem lan sapiturute.
Jlentrehake Sega Liwet iki pancen khas banget amarga nggunakake bumbu kang mligi saka kutha….
A. Pati                                
B. Purbalingga                               
C. Kebumen
D. Sukoharjo
E. Salatiga 

11. Ing serat wedhatama pupuh Pocung saka satus pupuh ing pada XXXIII - XLVII wedharake babagan….
A. ngabdi marang Gusti                                          
B. piwulang ngelmu kang sempurna                      
C. pikolehe tumindak ngati-ati 
D. sopan santun
E. kawicaksanan sejati

12. Angin sumilir nemahi pucuk pring, obah ngiwa obah nengen prasasat njoged nuting wirama. Wit tengah gesek lan kancane, swarane ngak-ngik. Ngumandhang ing awang-awang, ngimbuhi endahing karang padesan. Njlentrehake pratelan kasebut ing perangan novel yaiku….
A. tema
B. penokohan
C. setting
D. alur/plot
E. punjering crita

13. Cengkorongan panulise sesorah kang isine puji syukur marang Gusti dene isih bisa ketemu nindhakake acara iku diarani urutane sesorah yaiku….
A. sesirah (judul)
B. purwaka
C. surasane wedharan
D. subtema
E. basa 

14. 1. Salam pambuka
2. Atur pakurmatan
3. Atur sukur
4. Isi
5. Panutup
6. Dhudhutan kanthi ringkes
7. Atur pangapura marang pamireng menawa ana keluputan
8. Salam panutup
Perangan kasebat ing nginggil dipun wastani….
A. pranatacara
B. sayembara
C. wara-wara
D. sesorah
E. kampanye

15. Adicara ing omahe calon penganten putri, sajrone adicara iki ana nyantrik kanggo mastekake calon manten kakung bakal tumeka ing akad nikah, rerangkenan upacara temanten adat Jawa iku klebu 
A. pasang tarub
B. tembungan
C. kenduren
D. siraman
E. midodareni

16. Kang nindakake nyiram kapisan ing upacara siraman yaiku….
A. bapak lan ibu
B. dhukun penganten
C. calon penganten kakung
D. calon penganten putri
E. para tamu
17. Serat Wedhatama pupuh Gambuh iku tambuh, gambuh, jumbuh, lan tembung kang awanda mbuh, tegese lateh. Digunakake kanggo menehi ngelmu kang kukuh bakuh (tegas/galak). Makna pupuh Gambuh iku nggambarake watak pawongan kang ngancik diwasa utawa pribadi kang sansaya diwasa, mula isa njumbuhake kabutuhan lair lan batin, kulawarga lan masyarakat, pribadi karo Gusti. Wedharake piwulang kang ana ing pupuh Gambuh….
A. piwulang ngelmu kang sempurna                                         
B. raos sukur marang Gusti Alloh                     
C. pikolehe tumindak ngati-ati 
D. sopan santun
E. kawicaksanan sejati                                
                                              
18. Gatekna crita ing ngisor iki!                          
     Prabu Aji Pramosa ngongkon punggawa menyang ing kabeh penjuru kerajaan kanggo nggoleki wong-wong sing dianggep luwih sekti, amarga dheweke ora bakal trima yen ana sing luwih sekti lan pinter. Punggawa sing diprentah Prabu Aji Pramosa mau dibagi-bagi lan nyebar menyang pelosok kerajaan supaya luwih gampang anggone nggolek. Ora suwe anggone nggolek para punggawa-pungawa kerajaan mau nemokake salah siji panggonan sing neng papan kana ana resi sing wis kondhang amarga kepinteran lan kasektene. 
Resi iku jenenge Resi Kano sing gelare Kyai Jamur. Kasektiane Kyai Jamur akhire tekan menyang kupinge Prabu Aji Pramosa, dheweke krungu saka para punggawane sing weruh dhewe. Banjur Prabu Aji Pramosa mangkel, nesu lan arep nyekel sarta mateni warga sing ora duwe salah mau.
Manut wacan ing nginggil iku jlentrehake watake Prabu Aji Pramosa yaiku….
A. mangkel, nesu lan arep nyekel sarta mateni warga sing bener, ora bakal trima.       
B. ngunggulake kepinterane lan kasektene               
C. bakal trima yen ana sing luwih sekti lan pinter.
D. merguru marang Resi sing sekti.
E. bagi-bagi ngelmu kasektene.   
                                                                         
19. Iklan pariwara iku wara-wara kang isine nawakake barang-barang utawa jasa, ana uga kang ngajak nindakake sawijining bab kang prayoga(pariwara layanan masyarakat). diwedharake pariwara kang dirungokake kudu ngemot pesen kang dadekake pamiyarsane duwe angen-angen tumrap pariwara kang dirungokake, yaiku….
A. nulis kanggo micara                              
B. pribadi             
C. theater of the mid
D. nulis minangka wujud komunikasi langsung
E. nulis kanthi kreatif saka individu siji marang liyane

20. Pagelaran tradisional yaiku sakabehe wujud pagelaran Jawa, kang awujud teater rakyat, seni tari, seni karawitan, seni swara utawa tembang, seni pahat, lan seni lukis. Pengaturan cahaya teng panggung laminipun pementasan lan tujuwan boten sekedar supados permainan saged dipriksani penonton nanging nguripaken swasana kahanan panggung. Jlentrehana tujuwan pengaturan pemandangan supados permainan saged dipriksani penonton yaiku….
A. tata cahaya
B. tata panggung
C. tata busana
D. tata musik
E. tata suara

21. Tembang macapat Kinanthi iku nggambarake mangsa nalika manungsa iku wus mangun bale wisma (rabi), urip rukun lan tentrem ayem karo keluwargane. Tembang macapat Kinanthi iku nuntun utawa nganthi, tegese minangka kuwajibane wong tuwa kudu saged nuntun/nganthi para putrane supados sakabehe tumindake ora nalisir saka bebener, mula kudu mbimbing lan tansah aweh pepeling marang putrane. Piwulangan tembang macapat Kinanthi yaiku rasa nepsu kang kudu diatur kanggo tujuwan kang luhur, ngadohi tumindak kang ala, ngertos lan bisa milah-milah ngendi bae kang sae lan ngendi bae kang dibutuhake, lan ngabekti marang tiyang sepuh. Wedharake Sasmitane tembang macapat Kinanthi yaiku….
A. kaluwak, wanda cung 
B. kanthi, gandeng, kanthil.
C. jumbuh, tambuh, buh
D. taruna, weni, anom, logondhang
E. sarkara, hartati, madu, manis

22. Mangka kanthining tumuwuh
salami mung awas eling,
eling lukitaning alam,
dadi wiryaning dumadi,
supadi niring sangsaya,
yeku pangreksaning urip
Jlentrehana tembang Kinanthi ing nginggil ngangge paugeran….
A. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i         
B. 12a, 7i, 6a, 7a, 8i, 5a, 7i                        
C. 12u, 8i, 8u, 8i, 8o
D. 8u, 8i, 8a, 8i, 8a, 8i
E. 8i, 8a, 8e, 8a, 7a, 8u, 8a

23. Marma den taberi kulup,
angulah lantiping ati,
rina wengi den anedya,
pandak-panduking pambudi,
bengkas kahardaning driya, 
supadya dadya utami.
Jlentrehana larik kaping telu "rina wengi den anedya" saka tembang macapat kinanthi ing nginggilyaiku…. 
A. awan bengi tetep usaha
B. mula sregepa anak-anaku
C. ngilangake nepsu dhewe
D. sinau ngungkal ati
E. mlebu ing jero sanubari

24. Jaman saiki panulise geguritan beda karo ing jaman mbiyen ora nganggo paugeran pinathok, geguritan ing jaman biyen diarani puisi Jawa gagrag lawas jalaran kaiket dening guru gatra, guru lagu, lan guru wilangan, ing geguritan jawa kuna mesthi kawiwitan tembung "sun anggurit" utawa "sun nggegurit". Geguritan modern ora diwatesi pathokan-pathokan lan paugeran kaya kang ana ing geguritan tradisional. Guritan anyar tegese rumpakan kang ora kaiket ing paugeran dene edi penine rumpakan ngendelake tembung kang mentes lan pilihan.
Jlentrehana cacahe gatra ing geguritan kawiwitan tembung nganggo sun nggegurit kuwi klebu….
A. bebas
B. modern
C. lawas
D. kuno
E. tradisional

25. Timang yaiku pralambang menawa ngelmu sing ditempuh kudu dipahami seng gamblang, ben ora gampang utawa nimbulke rasa kuatir(samang-samang). Timang utawa nimang iku kabiasaan wong tuwa nggendong bocah, umume nganggo jarit. Bocah sing ditimang biyasane bocah sing arep turu utawa bocah sing lagi rewel. Jlentrehana filosofi Timang yaiku….
A. sregep sing nyambut gawe golek pangan
B. ora nimbulke raos kuwatir
C. aja gampang iri karo wong liya
D. ngelmu sing ditempuh kudu dipahami seng gamblang ora nimbulake rasa kuatir
E. supados manungsa saged ngungkurake godhaning setan

26. Sabuk dienggo melingkar ing awak utawa prenahne ing bangkekan. Jlentrehana makna kanggo manungsa yaiku….
A. sregep sing nyambut gawe golek pangan
B. ora nimbulke raos kuwatir
C. ben manungsa nggunakne awake kanggo nyambut gawe sing tenan, aja nganti kerjone ora ngasilake
D. supados manungsa saged ngungkurake godhaning setan
E. aja gampang iri karo wong liya

27. Dienggo kanggo nutupi awak tekan sikil. Jlentrehana artine aja gampang iri karo wong liya, amarga lara ati mung gawee rasa nesu, grusa-grusu kuwi pralambange….
A. jarik
B. canela
C. sabuk
D. epek
E. timang

28. Gamelan klebu perangan ing kabudayan Jawa. Ing Jawa gamelan biyasane kanggo musik pangiring pagelaran wayang kulit utawa ringgit, tari, uyon-uyon.Jinis laras ing gamelan ana loro yaiku laras pelog lan laras slendro nduweni 5 nada per oktaf 1,2,3,5,6 laras pelog nduweni 7 nada pepaka per oktaf 
Jlentrehana laras pelog nduweni 7 nada per oktaf yaiku….
A. 1,2,3,6,4,5,7
B. 1,2,4,5,3,6,7
C. 1,2,3,5,6,4,7
D. 1,2,3,5,4,6,7
E. 1,2,3,4,5,6,7

29. Perangkat gamelan kang disolake langusng ing wilah kayu lan diayuh ing loro sisi ngisore 
Jlentrehana perangan gamelan kang ditabuh kuwi yaiku….
A. kendhang
B. rebab
C. gong
D. kenong
E. bonang

30. Aksara Jawa ing ngisor kang ngetrapake aksara swara "O" yaiku….
A. Alip+h     
B. IsMIl\
C. E/l=g
D. UsMn\
E. O[koTbe/

31. Kumbakarna iku putrane Bagawan Wisrawa, kawastanan panyerat jawanipun ....
A. ?@umBkaikuput][gwnWisRw.       
B. ?@umBkaikuput][*gwnWisRw.       
C. ?@umBk/naikt][n*gwnWisRw.       
D. ?@umBk/naikuput][n*gwnWisRw.       
E. ?@umBk/naikuput][gwnWisRw.     

32. Aksara Jawa  ing ngisor iki kawastanan panyeratipun " Ismail" yaiku….
A. wulnJmilh
B. Alip+h
C. E/l=g
D. UsMn\   
E. IsMIl\

33. Aksara swara ora bisa dadi pasangan menawa ing ngarepe ana aksara mati (sigegan) kudu diwenehi pangkon amerga….
A. aksara swara ora bebas
B. aksara swara duweni panyigeg
C. aksara swara ora ana pasangane
D. aksara swara nudhuhake kudu dipasang
E. aksara swara kudu diowahi

34. Aksara swara cacahe wonten 7 aksara, aksara swara: A, I, U, E, O lan sing loro yaiku le lan re. Aksara swara ing panyerate ora kena dadi pasangan sarta aksara swara ditrapake nulis tembung….
A. manca
B. dhaerah
C. jawa
D. tradhisi
E. biasane

35. Serat tripama ditulis ing wujud tembang dhandhanggula kang dumadi saka 7 pada. Serat karyane Mangkunegara IV mesthi ngandhut ancas kang gumathok. Serat Tripama iki ngandhut wejangan mligi kanggo para prajurit kang bisa mangerteni patuladhan saka Patih Suwanda (Bambang Sumantri), Kumbakarna, lan Surya Putra (Adipati Karna). Serat Tripama ngajarake wong supaya dadi warga negara kudu duwe sikep nasionalisme kang wani ngetohke jiwa lan ragane kanggo mbelani negarane. Pangetrapane saking carita ing nginggil iku tokoh prajurit….
A. Dasamuka
B. Patih Suwanda
C. Adipati Karna
D. Kumbakarna
E. Arjuna Sasrabau
 
36. Minangka dadi sawijining punjer crita. Mahabarata ing perang Bharatayuda. Sanajan, wis ngerti yen dheweke iku sedulur tuwane para Pandhawa, nanging nalika perang Bharatayuda ora mbelani sedulure nanging mbelani negara Ngastina kang wis nggedhekake lan kang disuwitani. Pangetrapane prajurit kedah duwe sikep nasionalisme yaiku….
A. Kumbakarna
B. Dasamuka
C. Patih Suwanda
D. Adipati Karna
E. Anoman  

37. Serat tripama ditulis ing wujud tembang dhandhanggula kang dumadi saka 7 pada. Serat karyane Mangkunegara IV mesthi ngandhut ancas kang gumathok. Serat Tripama iki ngandhut wejangan mligi kanggo para prajurit kang bisa mangerteni patuladhan saka Patih Suwanda (Bambang Sumantri), Kumbakarna, lan Surya Putra (Adipati Karna). Serat Tripama ngajarake wong kang ngabdi kudu duwe sarat sarana: guna, kaya, purun, dadi abdi kuwi kudu pinter, bisa gawe sugih negarane, lan nurut marang negara lan rajane. Jlentrehake sarat "Kaya" saking carita ing nginggil….
A. kudu pinter
B. nurut marang negara sarta rajane
C. gawe sugih negarane
D. sikep nasionalisme
E. ora mbelani sedulure nanging mbelani negarane

38. Wewaler yaiku larangan utawa samubarang apa wae kang becike ora kena ditindhakake, tembung iki negesake manawa mangan ing ngarep lawang kuwi ora ilok, yen dilakoni bakal ora jenak mangane, amarga lawang kuwi sranane wong liwat mlebu metu omah. Jlentreana wewaler umpama wong wedok kang isih prawan aja mangan nang ngarep lawang mundhak jodone angel, yen mangan nang ngarep lawang iku ngalangi wong mlebu omah/ ngalangi tamu moro iku wewaler….
A. bab wong ngandhut
B. bab jejodohan
C. bab kanggo bocah wadon
D. bab ngambah papan wingit
E. bab nglangkahi gamelan

39. Wewaler/Gugon tuhon menika salah satunggaling kabudayan Jawi ingkang awujud pitutur luhur, pitutur menika boten namung awujud ujaran utawi panyaruwe mawi lisan, nanging saged awujud menapa kemawon. Kang diarani bocah Sukerta yaiku bocah kang manut kepercayaan, bisane slametlan urip kudu diruwat lan ditanggapake wayang lakon Murwakala. Bocah Sukerta iku lamun wis diruwat wis ora klebu memangsane Bethara Kalla, satemah bisa lestari uripe. Jlentrehana lare Sukerta ingkang cacahipun anak loro lanang wadon, inggih punika….
A. sendhang kapit pancuran lan pancuran kapit sendhang
B. dhampit lan sekar sepasang
C. kedhana-kedhini
D. uger-uger lawang lan sarimpi
E. pipilan lan pandhawa

40. 1. ora kena nunggang jaran dhawuh pancal panggung
2. ora kena nganggo jarit parang rusak barong
3. ora kena gawe omah awujud bale malang
4. ora olih lelungan setu pahing
5. ora olih dhahar iwak banyak
Wewaler ing ndhuwur iki pangandikane Raden Tumenggung Rahutama sadurunge seda ana ing tlatah….
A. Surakarta
B. Banyumas
C. Tegal 
D. Kedu
E. Yogyakarta


Bagi Bapak/Ibu dan Adik-Adik yang memerlukan Soal, Kisi-Kisi dan Kunci Jawaban Ujian Sekolah Bahasa Jawa Kelas 12, silahkan klik tautan berikut :

Demikian informasi tentang Soal & Kunci Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMK Tahun 2022 yang bisa Bank Soal berikan. Jangan lupa Follow ya biar selalu dapat notifikasi informasi terbaru dari Bank Soal. Terima kasih.

Belum ada Komentar untuk "Soal & Kunci Ujian Sekolah Bahasa Jawa SMK Tahun 2022"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel