Soal & Kunci Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 Kurikulum Merdeka 2022

Unduh Soal & Kunci Sumatif Akhir Semester (SAS) Bahasa Jawa Kelas 10 SMK Semester 1 Kurikulum Merdeka Tahun Pelajaran 2022/2023 - Asesmen sumatif dilaksanakan untuk menilai pencapaian tujuan pembelajaran dan/atau capaian pembelajaran peserta didik. Asesmen sumatif berfungsi sebagai alat ukur untuk mengatahui pencapaian hasil belajar peserta didik dalam satu atau lebih tujuan pembelajaran di periode tertentu, mendapatkan nilai capaian hasil belajar untuk dibandingkan dengan kriteria capaian yang telah ditetapkan dan menentukan kelanjutan proses belajar peserta didik di kelas atau jenjang berikutnya.


Untuk membantu adik-adik kelas 10 dalam belajar, Bank Soal menyediakan Soal dan Jawaban SAS Ganjil Bahasa Jawa Kelas 10 Tahun 2022/2023.




Download Soal & Kunci Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 


1. Tembang macapat amot babagan pakarti luhur kanggo panuladha uripe manungsa,dene titikane  tembang yaiku….
A. cacahe tembang macapat ana 11
B. temtoake alur tema lan paraga
C. basa jawane anyar diseseli basa jawa kuna(kawi)
D. isine pitutur,kasusilan dongeng kaprajan wayang
E. kaiket ing guru gatra,guru wilangan,guru lagu

2. Tembang macapat kang ana ing serat wedhatama nduweni paugeran….yaiku tembang pangkur
A. 10i, 6o, 10e, 10i, 6i, 6u, 11a
B. 8a, 11i, 9u, 8a, 12u, 8a, 8u
C. 8a, 11i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
D. 8a, 12i, 8u, 7a, 12u, 8a, 8i
E. 8a, 11i, 10u, 7a, 12u, 8a, 8i

3. KGPAA Mangkunegoro ingkang asalipun saking Solo nganggit serat wedhatama ingkang kawentar ,amot pitutur ingkang luhur kangge tiyang anem lan sepuh wonten ing pupuh….
A. sinom
B. pocung
C. dhandhanggula
D. kinanthi
E. gambuh

4. Serat wedhatama pupuh pangkur nggadhahi watak inggih punika…
A. seneng, antepan ati lan gagah
B. sedih, memelas, getun lan prihatin
C. sedhih, sengsem lan prihatin
D. seneng, tresna lan asih
E. kejem, sereng lan nantang

5. Pupuh pangkur nduweni piwulang ngelmu kang sampurna kanggo pepathokaning manungsa  yaiku babagan sopan santun,isine pupuh pangkur ana…Pada
A. 14
B. 18
C. 35
D. 22
E. 15

6. Pak Untung omahe cedhak sawah mula  yen mangsa rendheng kerep krungu kodhok pada muni,Tembung kodhok asale saka teka teka ndhodhok , tembung kasebut diarani….
A. seroja
B. yogyaswara
C. pluton
D. garba
E. rura basa

7. Mingkar mikur ing angkara
Akarana karenan mardi siwi
Sinawung resmining kidung
Sinuba sinukarto
Mrih kretarta pakartining ngelmu luhung
Kang tumrap ing tanah jawa
Agama ageming aji
Tembang macapat ing ndhuwur kalebu pupuh….
A. Gambuh
B. Kinanthi
C. Sinom
D. Pangkur
E. Pocung

8. Crita cekak yaiku karangan cekak wujud prosa isine kurang saka 1000 tembung,menehi kesan tunggal kang dominan musatake perkara salah sawijining tokoh.
Ing ngisor iki kang dudu titikane cerkak yaiku….
A. diwaca sakeplasan(sekali duduk)
B. perkara kang dicritaake mung siji(tunggal)
C. cacahe paraga akeh
D. tokoh kang dicritaake ora nganti owah nasibe
E. cerkak asipat naratif

9. Papan ,swasana lan wektu dumadine crita,papan ini bisa ana ing sawah,kantor lan sapanunggalane ,wondene wektu iku bisa awan sore bengi esuk
Pranyatan ing nduwur diarani ....
A. Sudut pandang
B. latar
C. tema
D. paraga
E. gaya bahasa

10. Bapak lan ibu tindak Banjarnegara amarga selak kangen marang Oi putune.
Manut unggah ungguh basa ukara kaebut nggunaake basa….
A. krama madya
B. krama lugu
C. krama alus
D. ngoko lugu
E. ngoko alus

12. Alur yaiku urut-urutane kedadeyan ing crita .Bakune crita saka wiwitan ngantitekan pungkasan (perkenalan, konflik, penyelesaian). Alur sing nyritaake utawa nggambarake kahanan saiki nganti seteruse disebut….
A. regresif
B. campuran
C. mundur
D. alur maju
E. kombinasi

13. Unsur ekstrinsik yaiku nunsur kang mbangun cerkak saka sajabane cerkak, kang mangaribawani (mempengaruhi) dianggeti sawijining unsur iki antara liya kejaba….
A. pendhidhikan 
B. gaya bahasa
C. agama
D. ekonomi
E. budaya

14. Mba Dewi priyayine sulistya endahing warna eseme pait madu ngujiwat ndadeake atine Mas Handoko laya luluh nuwuhake sengsem marang dheweke.
Tembung eseme pait madu diarani tembung ....
A. yogyaswara
B. purwakanthi
C. saroja
D. entar
E. sanepa

15. Pawarta kedadean Tangki 36 T 102 kilang pertamina isi produk pertalite kang kebakar kena petir sabtu,13 November 2021 jam 19.20. Kira-kira 80 wong kang diungsiake ing balai desa .kang mratelaake kedadeyan ing kilang pertamina cilacap nudhuhake unsur pawarta….
A. W1 (Who)
B. W2 (When)
C. W3 (when)
D. W4 (Where)
E. W5 (Why)

16. Redi Merapi menawi watuk watuk nggegirisi dipun kantheni medal wedus gembelipun hawanipun saya benter pratandha badhe njeblug,mungelipun sirine langkung sora pendhuduk sami ajrih lan enggal mlajar pados papan ingkang tebih lan aman.
Ukara ing inggil ngginaaken tembung
A. kerata basa
B. entar
C. denotatif
D. plutan
E. garba

17. Pawarta minangka prastawa kang diwartaake bisa arupa lesan utawa tulisan,menawa lesan lumantar swara dene tulisan lumrahe kapacak ing kalawarti lan ariwarti.
Layang kabar kang metune sawulan sapisan diarani….
A. Majalah/bulletin
B. ariwarti
C. saptawarti
D. kalawarti
E. candrawarti

18. Saben dina ana pawarta kang bisa dirungoake saka televise utawa radio lan uga akeh pawarta kang bisa diwaca saka medhia cetak yaiku Koran utawa majalah.
Pawarta kedadean Tangki 36 T 102 kilang pertamina isi produk pertalite kena petir sabtu,13 November 2021 jam 19.20. Kira-kira 80 wong kang diungsiake ing balai desa 
Pawarta kasebut manut jenise pawarta….
A. crita
B. dinan
C. dadakan
D. dadakan
E. kebakaran

19. Perangan kang nemtoake bobot ajine pawarta antara liya yaiku aktualitas,factual tegese….
A. anyar kacampuran opini masyarakat
B. anyar lan basane sugestif
C. kadaluarsa migunaake tembung konotatif
D. anyar lan nyata kedadeyan
E. fiktif lan naratif gegayutan pamirsa

20. Ing ngisor iki kang klebu penutupe pawarta yaiku ….
A. arupa ringkesan, arupa dudutan, sapa salam lan klimaks
B. arupa ringkesan, arupa dudutan, lan puncak
C. arupa ringkesan, puncak, klimaks, arupa dudutan, cuplikan, irah-irah
D. arupa ringkesan, arupa dudutan, irah-irah, sapa salam
E. arupa ringkesan, sapa salam, irah-irah, arupa dudutan, lan klimaks

21. Cara golek pawarta sing bener ....
A. wawansaba, ndeleng, ngrekam, paneliten, ngunduh pawarta saka kantor berita
B. ngunduh pawarta saka samubarang sumber, wawansaba, lan pos
C. telegram, wawansaba, ngrekam, paneliten
D. teleivisi, lan internet
E. televisi, radio, telegram, internet, lan ngrekam

22. Perangan pawarta kang dhisik dhewe, biasane mung ditulis nganggo tembung-tembung kang nuwuhake minat supaya wong gelem maca isi pawartane, yaiku ....
A. angle/ringkesan
B. gambar pawarta
C. sumber pawarta
D. isi pawarta
E. sesirah 

23. Pawarta lan wara-wara iku nduweni ancas padha, yaiku….
A. kanggo piwulang tata krama
B. kanggo sarana ngleluri budaya
C. menehi ngerti (informasi) marang wong akeh
D. kanggo sarana komunikasi
E. menehi katrangan

24. Wacan kang nggambarke kanthi cetha salah sawijining kahanan (objek), objek mau kaya-kaya ana ngarepe wong kang maca, diarani wacan….
A. argumentasi
B. narasi
C. eksposisi
D. deskripsi
E. persuasi

25. Titikane wacan dheskriptif kang becik kaya ing ngisor iki yaiku ....
A. Nggambarake kaanan manungsa udu samubarang objek, Migunakake pancaindra, pamaca kaya ngrasa dhewe
B. Migunakake mripat kang bisa maca dhewe, pamaca kaya ngrasa dhewe, Nggambarake kaanan manungsa udu samubarang objek
C. Migunakake mripat kang bisa maca dhewe, pamaca kudu bisa ngrasa kaanan utawa papan kedadeyan 
D. Migunakake mripat kang bisa maca dhewe lan pamaca kaya ngrasa dhewe
E. Nggambarake samubarang kaanan, papan, utawa manungsa, Migunakake pancaindra, pamaca kaya ngrasa dhewe

26. Wangunan Omah Joglo kaperang dadi 8 ruangan yaiku Pendhapa, Pringgitan, Dalem, Senthong Tengah, Senthong Tengen, Senthong Kiwo, Pawon, Gandok. Fungsi saking Senthong Tengen yaiku….
A. kanggo ruangan masak
B. kanggo peturon wong wedok
C. kanggo peturon wong lanang sing nduwe umah
D. kanggo peturon lan kanggo panyembahan kanggo dewi kesuburan lan kemakmuran, lan nyimpen beras utawa palawija
E. kanggo nampa tamu

27. Wangunan Omah Joglo kaperang dadi 8 ruangan, yaiku Pendhapa, Pringgitan, Dalem, Senthong Tengah, Senthong Tengen, Senthong Kiwo, Pawon, Gandok. Fungsi saking Dalem yaiku….
A. kanggo ruangan masak
B. kanggo peturon wong wedok
C. kanggo peturon wong lanang sing nduwe umah
D. kanggo peturon lan kanggo panyembahan kanggo dewi kesuburan lan kemakmuran, lan nyimpen beras utawa palawija
E. kanggo kumpul keluarga

28. Kang kudu digatekake nalika gawe karangan ing ngisor iki yaiku ....
A. nemotake tema, milih irah-irah, basane kang becik, ukarane runtut, tulisane kang cetha, jumbuh, gawe cengkorongan
B. nemotake judul , milih tema, basane kang becik, ukarane runtut, tulisane kang cetha, jumbuh, gawe cengkorongan.
C. nemotake judul , milih tema, basane kang becik, ukarane padet, tulisane kang cetha, gawe cengkorongan.
D. nemotake judul , milih tema, basane kang becik, ukarane padet, tulisane kang cetha, gawe cengkorongan, nganggo kalimat aktip
E. nemotake judul , milih tema, irah-irah kang becik, ukarane padet, tulisane kang cetha, gawe cengkorongan.

29. Miturut ahli bahasa Prof. Henry Guntur Tarigan, maca iku jinise ana loro yaiku maca nyuwara lan ….
A. literasi
B. kreatif
C. ekstensif
D. kritis
E. seru

30. Maca kang ancase nangkep wacan tinulis lan ora tinulis banjur maragakake asil wacan mau diarani….
A. maca literal
B. maca kreatif
C. maca ekstensif
D. maca kritis
E. maca seru


Bagi Bapak/Ibu dan Adik-Adik yang memerlukan Soal dan Jawaban Bahasa Jawa Kelas X, silahkan klik tautan berikut :


Demikian informasi tentang Soal & Kunci Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 Kurikulum Merdeka 2022 yang bisa Bank Soal berikan. Jangan lupa Follow ya biar selalu dapat notifikasi informasi terbaru dari Bank Soal. Terima kasih.

Belum ada Komentar untuk "Soal & Kunci Bahasa Jawa Kelas 10 Semester 1 Kurikulum Merdeka 2022"

Posting Komentar

Iklan Atas Artikel

Iklan Tengah Artikel 1

Iklan Tengah Artikel 2

Iklan Bawah Artikel